Minggu, 15 Maret 2015

SYA IR MBAH GUSDUR (PRESIDEN KE 4 INDONESIA)

Astangfirulloh robbal baroya Astagfirrulloh minal khotoya
Robbi zidni 'ilman nafi'a wawafiqni 'amamalan sholiha
Ya rasullaloh salamun alaik ya rafi''asya niwaddaroji
'at fata yaji roddal 'alami (ya uhailaljudiwal karomi x2)


Ngawiti ingsun nglaras syi'iran, kelawan muji Alloh pengeran
Kang paring rohmat lan kanikmatan,(rino wengine tanpo pitungan x2)
Duh poro konco priyo wanito,ojo mung ngaji syariat bloko
Gur pinter dongeng nulis lan moco,(tembe mburine bakal sengsoro x2)
Akeh kang apal Quran Hadise,seneng ngafirke marang liyane
Kafire dewe dak tigatekke,(yen iseh kotor ati akale x2)
Gampang kabujuk nafsu angkoro,ing pepahese gebyare dunyo
Iri lan meri sugehe tonggo,(Mulo atine peteng lan nisto x2)


Ayo sedulur jo nglale ake,wajibe ngaji sak pranatane
Nggo ngandelake iman tauhidte,(baguse sangu mulyo matine x2)
Kang aran sholeh bagus atine,kerono mapan sari ngilmune
Laku torikot lan ma'rifate,(ugo hakikat manjing rasane x2)


Alqur'an Qodim wahyu minulyo,tanpo tinulis biso diwoco
Iku wejangan guru waskito,(den tancepake ing jero dodo x2)
Kumantel ati lan pikiran,rasuk ing badan kabeh jeroan
mu'zizat rasul dadi pedoman,(minongko dalan manjinge iman x2)


Kelawan Alloh kang mohosuci,kudu rangkulan rino an wengi
Di tirakati diriyadhohi,(zdikir lan suluk jo nganti lali x2)
Uripe ayem rumongso aman,dununge roso tondo yen iman
Sabar narimo senajan paspasan,(kabeh tinakdir saking pengeran x2)


Kelawan konco dulur lan tonggo,kang podho rukun ojo dak sio
Iku sunahe rasul kang mulyo,(Nabi muhammad panutan kito x2)
Ayo nglakoni sekabehane,Alloh kang bakal ngangkat derajate
Senajan asor toto zdhohire,(ananging mulyo maqom derajate x2)
Mangun palastro ing pungkasane,ora kesasar roh lan sukmane
den gadang Alloh suwargo manggone,(utuh mayite ugo ulese x2)


Yarosullalloh salamun 'alaik yarofi'asa niwaddaroji
'Atfata yaji rodal 'alami ya uhailal judiwalkaromi

0 komentar:

Posting Komentar